Rabu, 05 Maret 2014

Boso Jawi



WILANGAN

Siji (1) = Eka
Loro (2) = Dwi
Telu (3) = Tri
Papat (4) = Catur
Lima (5) = Panca
Enem (6) = Sad
Pitu (7) = Sapta
Wolu (8) = Astha
Songo (9) = Nawa
Sepuluh (10) = Dasa
Satus (100) = Sata
Sewu (1000) = Sastra
Sepuluh Ewu (10.000) = Salaksa
Satus Ewu (100.000) = Sakethi
Sayuta (1.000.000) = sayuta

SANEPAN

1. Awake kuru semangka tegese : awake lemu seru
2. Abang dluwang tegese : putih/pucet seru
3. Ambune arum jamban tegese : ambune banger seru
4. Ambha godhong kelor tegese : ciyut seru
5. Abot kapuk tegese : entheng seru
6. Agal glepung tegese : lumer seru
7. Arang kranjang tegese : kerep seru
8. Abot merang sagedheg tegese : entheng seru
9. Anteng kitiran tegese : polahe ora karu-karuan
10. Arang wulu kucing tegese : akeh seru
11. Balunge Atos debog tegese : balunge empuk seru
12. Barange aji godhong garing tegese : barang ora ono ajine seru
13. Banter keong tegese : alon seru
14. Bening leri tegese : butheg seru
15. Banjo tampah tegese : bunder seru
16. Brintik linggis tegese : kaku seru
17. Dhuwure kencur tegese : endhek seru
18. Enggale suwe banyu sinaring tegese : wektune cepet seru
19. Gedhe gurem tegese : cilik seru
20. Jero tapak meri tegese : cethek seru
21. Kuning silit kwali tegese : ireng seru
22. Kandel kulit bawang tegese : tipis seru
23. Legi bratawali tegese : pait seru
24. Pait madu tegese : legi seru


PARIKAN

1. Wedang bubuk, gula jawa
Ateges : yen kepethuk, ati lego
2. Sepet-sepet, sawone mentah
Ateges : diempet-empet, selak ra betah
3. Wajik klethik, gula abang
Ateges : aja suthik, yen tumandang
4. Godhong kecipir, mrambat kawat
Ateges : najan gak mampir, nanging liwat
5. Kembang jagung, dipethik Cina
Ateges : barang wis kadhung, dikapakno
6. Manuk emprit, menclok godhong tebu
Ateges : dadi murid, sing sregep sinau
7. Manuk kutut, manggunge ngganter
Ateges : yen ra nurut, bisa keblinger
8. Yen kembang kembange kacang, dudu kembang puspa nyindra
Ateges : sih cilik kundang-kundang, bareng gedhe gawe rekasa
9. Yen kembang kembang lamtara, dudu kembang wora-wari
Ateges : mumpung sira isih mudha, sing taber nganti-ati
10. Esuk nyuling sore nyuling, sulingane arek Surabaya
Ateges : esuk eling sore eling, sing dieling ora rumangsa
11. Awan-awan aja keluyuran, ana pak mantra numpak sekuter
Ateges : kapan-kapan aku keturutan, duwe kanca sinaune pinter
12. Esuk nembang sore nembang, tembangane asmaradana
Ateges : esuk ngadhang sore ngadhang, sing diadhang ra teka-teka


CANGKRIMAN

1. Urang spikul matane pira?
2. Sega sakepel dirubung tinggi, apa?
3. Dikethok malah dhuwur, apa?
4. Ngarep ireng, mburi ireng sing tengah methentheng, apa?
5. Ana gajah numpak becak, ketok apane?
6. Kewan apa: sirahe neng sikil. Mripate neng sikil, irunge neng sikil, cangkeme nang sikil, pokoe kabeh neng sikil.
7. Pak bomba, pak lawa, pak peyut.
8. Lampu opo nek dipecak metu uwonge?
9. Pak demang klambi abang, nek didudul gondhal-ghandul, nek disuduk manthuk-manthuk.
10. Pitik walik saba kebon
11. Jenenge satriya pringgondani iku sapa?
12. Yen cilik dadi kanca, yen gedhe dadi mungsuh
13. Ana kapal disawat waktu bisa kelem, kira-kira gedhe apane?
14. Ana kuthuk dilebokne kurungan rapet, kira-kira wis ora bisa metu, disediyani pakan lan omben cukup, bareng wis setahun kuthuke ilang menyang ngendi?
15. Ana tulisan arab, macane saka ngendi?

Jawaban :
1. Ana 6  urang, sapi, kul
2. Salak
3. Celana
4. Wong mikul areng
5. Ketok mbujuke
6. Ana pitik kepidak
7. Tipak kebo amba, tipak ula dawa, tipak cempe ciyut
8. Lampune toko sing lagi ditutup
9. Kembang gedhang= ontong
10. Nanas
11. Ya radenGathutkaca, ya uleg-uleg= pring bonggol didandani
12. Geni
13. Gedhe omonge
14. Dadi pitik
15. Saka alas


PEPINDHANE WAYANG

Ayune(cantiknya) kaya Dewi Ratih(seperti dewi ratih)
Baguse kaya Bathara Kamajaya
Bares kures tur jujur kaya Arya Bima
Becik bebudine kaya Prabu Darmakusuma
Bengak-bengok srawean kaya Arya Dursasana
Branyake kaya Raden Samba
Brengose nguler keket kaya Raden Werkudara
Cepak nepsune kaya Pabu Baladewa
Gagah prakosa kaya Raden Gathutkaca
Kenese kaya Dewi Wara Srikandhi
Mengkis2 ambegane kaya Patih Sengkuni
Mumpuni kaya Raden Janaka
Pada rupane kaya Nakula Lan Sadewa
Pakulitane putih kaya Prabu Baladewa
Ruruhe kaya Dewi Wara Sumbrada
Tapane ngidang kaya Raden Sugriwa
Watake murka kaya Prabu Dasamuka

GUGON TUHON

Gugon tuhon kuwi awujud pitutur sing sinamun (ora ketara). Lumrahe nganggo dikantheni tembung aja utawa ora ilok, sing ateges ora becik.
Gugon Tuhon adalah kata2 nasihat yang selama ini sudah mengakar pada masyarakat, terutama masyarakat jawa. Guhon tuhon itu artinya “jangan” atau “tidak pantas”, atau yang selama ini kita kenal dengan sebutan pamali.
1. Aja kureb ajang. (setelah makan, piringnya jangan ditaruh, lebih baik dibersihkan dulu)
2. Aja ngaglah, linggih ono ing lawang.(jangan duduk di pintu, soalnya bisa menghalangi orang yang mau lewat)
3. Aja mangan in paturon. (jangan makan di atas kasur, soalnya bisa bikin kotor
4. Aja mangan mlaku. (jangan makan sambil berjalan, amarga mangan karo mlaku mesthine ora beciktumrap kasasaran. Tur murang tata)
5. Aja ngiduni sumu, mundak suwing lambene
6. Aja mangan karo ngadheg, mundak wetenge dawa. (jangan makan sambil berdiri, amarga mangan karo ngadeg iku saru, becike karo linggih sing apik)
7. Aja payungan ing jero omah. (jangan pakai payung di dalam rumah, kayak orang gila ajaa)
8. Aja nyapu dalu. (jangan nyapu malem2)
9. Aja lungguh ing bantal, mundhak wudunen. (jangan duduk di bantal, bisa kena bisul. Lagian bantal kan buat kepala)
10. Aja mangan panas.
11. Aja mangan sangga ajang.(amarga mangan sangga ajang gampang wutah. Becike dideleh ing meja)
12. Aja njangkar wong tuwo. (jangan menyebut orang yg lebih tua dengan nama saja, kan ngga sopan)
13. Aja gawe sumur ing ngarepan omah. (jangan buat sumur didepan rumah, bisa bahaya kalau ada anak kecil main)
14. Aja ngendheg uwuh. (amarga bisa ngregedi panggonan liyane yen kabur angin)
15. Aja nggelar kasur tanpa sepre. (jangan masang kasur tanpa seprei, kalau kotor susah ngilanginya)
16. Aja seneng ndhekok. (jangan suka bangun kesiangan, pagi itu waktunya kerja/beraktivitas)
17. Aja uncal uwuh. (soalnya bisa bikin kotor, buanglah pada tempat sampah)
18. Ora ilok weweh dijaluki bali, mundhak gulune gondhoken. (weweh”memberi” apa bae kudu sing ikhlas lahir batin ^_^g)
19. Ora ilok wanita lungguh jegang. (tidak pantas wanita duduk jegang)


JENENGE KEMBANG (nama bunga)

Kembang aren : dangu
Kembang blimbing : maya
Kembang blutru : montro
Kembang cengkeh : polong
Kembang cubung : torong
Kembang dhadhap : celung
Kembang duren : dlongop
Kembang ganyong : puspanyidro
Kembang garut : gremeng
Kembang gedhang : tuntut (ontong)
Kembang gembili : seneng
Kembang gori : angkup
Kembang jagung : sinuwun (jeprak)
Kembang jambe : mayang
Kembang jambu : karuk
Kembang jarak : juwis
Kembang jati : janggleng
Kembang jengkol : kecuwis
Kembang kacang : besengut (bundhel)
Kembang kanthil : gading
Kembang kapas : kadi
Kembang kara : kepek
Kembang kecipir : cethethet
Kembang kelor : limaran
Kembang kemlandhingan : jedhidhig
Kembang kencur : sedhet
Kembang kimpul : pancal
Kembang kluwih : ontel
Kembang kopi : blanggreng
Kembang krambil : manggar
Kembang krokot : naknik
Kembang Lombok : menik
Kembang mlinjo : uceng (kroto)
Kembang nangka : babal
Kembang nipah : dongong
Kembang pandhan : pudhak
Kembang pace : nyreweteh
Kembang pete : pendul
Kembang pohong : ingklik
Kembang pring : krosak
Kembang randhu : karuk
Kembang salak : ketheker
Kembang so : uceng (kroto)
Kembang suruh : drenges
Kembang tales : pancal
Kembang tebu : gleges
Kembang timun : montro
Kembang widaraputih : rejasa

Jenenge Godhong ( Nama Daun)

godhong aren : dliring
godhong asem : sinom
godhong cocor bebek : tiba urip
godhong dhadhap : tawa
godhong gedhang : ujungan
godhong gedhang garing : klaras
godhong gebang(palem) : kajang
godhong jambe : procot, dedel
godhong jarak : bledheg
godhong jarak kebo : lomah-lameh
godhong jati : jompong
godhong kacang brol : rendeng
godhong kacang lanjaran : lembayung
godhong kates : gampleng
godhong kecipir : cethethet
godhong kelor : limaran (Sewu)
godhong kemladheyan : kumuda
godhong krambil : blarak
godhong krambil enom : janur
godhong lempuyang : lirih
godhong lombok : sabrang
godhong mlinjo : so
godhong pari : damen
godhong pring : elarmanyura
godhong randu : baladewa(smarakandhi)
godhong siwalan : lontar
godhong tales(kimpul) : lumbu
godhong tebu garing : rapak
godhong telo : jlegor
godhong turi : pethuk
godhong waluh : lomah-lameh
godhong widara putih : trawas
godhong wuni : mojar